Jumat, 23 Januari 2015

FANTASTIC FOUR TIM WONOSOBO (bagian 1)


NGELIST IRMAS BAITURROHMAN
FANTASTIC FOUR OF TIM WONOSOBO

Sesuai dengan post sebelumnya, akan sedikit say bagikan kisah menyanangkan, menyedihkan, menggelikan, dan memalukan selama ngelist untuk pembangunan mesjid baiturrohman Ngasinan.
Berikut ini cerita dari mereka.. Kelompok  WONOSOBO
A.      PARA PEMAIN...  (maksude, anggota kelompok)
Kelompok wonosobo ana 4 remaja, di bentuk dengan seksama dan langsung bisa mengorganisir seluruh anggota sesuai kelebihan masing masing. yaiku :
a.       Syaiful Anwar Bin Aswari  (jebolan Jakarta, di andalkan sebab bahasa indonesiane paling josh)
SAIFUL ANWAR (Ipunk)
Nang kelompok kiye sekolaeh paling duwur, lulusan SMA. Lan nyicipi kuliah sedela. Nek liane ya pda SMA tapi nglayab bae akhire pada ra lulus kelas 1. Sebab kelebihan pendidikane, di percaya dadi negosiator maring pemerintahan, lan sing berhubungan karo adminstrasi trasian lah.
Kang Mustolih Annabawy
b.       
     2. Mustholih bin Sudiarjo (Jebolan pondok Tegalrejo lan tau keliling Jawa Sumatera jalan kaki selama bertahun tahun)
Sebab pengalaman luar biasane keliling jawa sumatera mlaku, mangkane di andalna banget nang kanca urusan bertahan hidup dalam keadaan sesulit apapun di negeri orang. Ya contone nek ngasi kentokan sangu, tolih kudu mikirna pwe carane, terus nek butuh tumpangan dll, dia sing kudu bisa ngusahakna piwe carane olih tumpangan. Terus maning, nang batir batire di di anggap mandan sakti n paling galak, nah nek ana apa apa urusan keamanan pokoke kami pasrah meng tolih.
Sahroni, tangi turu dadi lecek klambi ya raine
c.       Ahmad Syahroni bin JAENI (Jebolan Palembang, juga sampit pontianak sebagai pedagang asongan, patute ya masalah ngumpruk n ngecEbrEs kue paling ampuh, bakul jamu ya kaya bakul obat)
Pinter ngomong alias ngecuprus, kandah tua, n kandah tema masa kini dari bidang pertanian, poltik, ekonomi dll. Nang batir batir dia kepacak kon dadi juru bicara karo wong sing urung di kenal, mbatiri kandah karo umah sing di tumpangi dll, pernah suatu malem dia ngobrol mbi sing due umah ngasi isuk, batire pada turu. Sahron memang hebat lah..


LUJENG
d.      Wilujeng bin Hadi Sunarto alias lujeng alias gowill ( bocah Banjarnegara sing merantau meng ngasinan belajar alif ba ta, dadi ra patia pengalaman njaba. Ngomong be plethat plethot, nek weruh sepur guyu bae)
Ahli perbendaharaan, keuangan, n mandan licik maring masalah duit. Pokoe pwe bsa menguntungkan ya kue mesti bisa di lakoni lujeng. Nang kelompok kiye berusaha dadi sing paling dewasa, selain karna kumisnya, juga kara mukanya, bukan karena kedewasaanya.haha


Nek ndeleng komposisi kelompok kiye, ya mandan beda karo kelompok liane pancen. Karena kelompok liane cuma wong 2 thok sekelompok, jan jane hal kue ya mandan dadi kecemburuan sosial nang kanca kanca liane. Lewih lewih nek ndeleng komposisine sing ideale di isi siji cah senior n siji cah junior, lewih gawe batir mandan menceng menceng ndeleng kelompok wonosobo aneh, sebab bocah papat seumuran, wis di pandang senior kabeh lan due pangalaman mandan akeh juga masing masing personile (kecuali ana bocah siji mandan ra patia gaul, sepur be urung tau ngemek, apamaning numpak)




A.      PEMBERANGKATAN DAN KISAH DI PERJALANAN
Perjalanan di mulai nang hari pemberangkatan, nek ora salah dina minggu. kami cah papat mangkat bareng2 batir kelompok liane, ngumpul isuk isuk berpakaian khas ngelist celana bahan, baju koko, dan berpeci.  Jan jane kelompok gonku le mangkat maring wonosobo niate numpang trak, ben ngirit dana sekalian njajal pengalaman mbolang dadi backpacker. Tapi, mengingat akeh juga batir sing pada rep meng kota arah wetan kaya kebumen n purworejo, akhire kami mutusna ngebis bareng bareng. Jam 07.00 WIB kami wis nang Randegan ngadang bis, ulieh bis “AMAN” jurusan Jogjakarta, bareng bareng wong 8.  Sing loro ( Khozin karo Husein) mudun kebumen, sing 2 ( Masruh karo samsul) mudun purworejo lan aku cah 4 mudun Prembun.
STOP...!!!! melu paaak
Sebenere ana rancangan super manarik dan hebat sekang kelompok kiye, Tim wilayah timur due rute beda beda tapi kabeh di jadwal menuju Daerah magelang, tepate makam Mbah Dalhar Watucongol. Tim Wonosobo rep nyisir Wonosobo ngetaaan, temanggung n finish Magelang. Tim Purworejo ngalor finis magelang, juga tim kebumen. Sayange gagal terealisasi rencana kue sebab pada ngalami kendala macem macem.
Singkat cerita, tim wonosobo mudun nang prembun, terus numpak angkutan jurusan wonosobo mudun nang wadaslintang, tepate nang sanding Polsek Wadaslintang. Wektu kue wis jam 14.00 WIB awan nek ora salah. Aku sholat Dhuhur n golet makan siang, apesssss ora ana warung makan bro. Akhire Cuma maem roti siji karo marimas rasa jeruk nang warung sanding mejid. Bar kue nyempetna glethakna awak  karo udud ududan, go nyiapna tenaga Summit attack cara pendaki gununge.
 Nah kang wadaslintang kami esih kudu manjat nuju daleme Pak Suyit alumni Ponpes darussalam Ngasinan jaman mbien. Daleme pak suyit nak Desa Somogedhe Kec Wadaslintang, jere wong kono jarak wadaslintang maring somogedhe perek, nek ngojek mbien Rp 7.000 mangkane aku sekanca milih mlaku ra ngojek.  wuelah dalah ternyata mbasa di lakoni mlakuu, uadoeh poooool, setengah 3 sore tekan lokasi wis hampir magrib, manjaaaat terus.

Nang njero Bis Prembun Wonosobo
Akhirnya, setelah bolak balik takon umaeh pak suyit, alhamdulillah bisa ketemu juga. Inilah pertam kali kami tekan wadaslintang, lan pertama kali juga ketemu pak suyit sing seurunge ya urung tau ketemu. Sekedarbasa basi, karena ws magrib kami pun persiapan sholat magrib nang mesjid mburi umaeh pak suyit, kebetulan beliau Imam Mesjide. Mesthi pada mbatin, lho ding ora adus? Halah, Wonosobo kue ademe pool, ra wani adus blas nek wis peteng.. pada sepakat aduse ngesuk!
Bakda magrib, di lanjutkan ngobrol karo pak suyit terus ngomngna apa sing dadi tujuane, bahwa kami rep golet dana go mesjid, ben tambah kuat pak solehudin sing kebeneran akrab banget karo pak suyit nelfon sekalian njaluk tulung titip aku sekanca.

Eksotisme waduk wadaslintang


A.      IN ACTION NGELIST (dengan segala cerita sedih, sedih, sedih, dan sedih... semuanya kisah sedih...)

Isuk kue, udara jaan ademe pool, hawa peteng berkabut marakna kami cah papat males banget rep menyat. Di tambah maning efek perjalanan mangkat sing kesele kaya manjat gunung slamet. (kaya wis tau...!!). Tapi, lha kiye kita udu nang kamare dewek broo.. kita numpang nang gone wong, sing di tumpangi juga kyai mesjid kono. Aja kaya nang umaeh dewek, aja kaya nang negarane dewek. (dimana bumi dipijak, disana langit di junjung.. kue jere pepatah). Yap! Tangi, gligap langsung sok sregep gugah batir batir lan ndupak bocah sing jenenge sahron!
Subuhan, wiridan karo merem (khusyu? Udu! Ngantuk!) balik meng umaeh pak suyit kita ngopi pagi. Ngopi ngopi nyambi ngobrol persiapan aksi dina kiye. Pak Suyit aweh saran kami lapor maring pak Kepala Desa Somo Gedhe.. Jenenge mbuh sapa aku kelalen, kebeneran luraeh esih sedulure pak Suyit. Kami di tidokna arah arahe. Rembug rembug pun berakhir dengan keluarnya sarapan pagi.. hahay.. ra ket mau paaak!
Adus banyu Es, dandan sing rapi, kopyah mincis di enggo, tas isi proposal, buku, pulpen, lan admin liane segera di siapna. Inilah saatnya... Ngelist!
Awal aku wis due firasat kurang apik jane, rasane deg degan arep mulai hal sing kami urung tau nglakoni. Sesuai rencana kami cah papat sowan disit meng gone pak Lurah. Umah apik, ngarepe akeh kembang Gelombang Cinta dan Jenmani (pas! Kiye jataeh lujeng ngecuprus karo sesama pecinta bunga). Basa basi setitik lan titipana salame pak suyit kami sampaikan meng pak lurah, terus ngomong apa kepentingane kami cah papat, tanggepane apik lan alus tapi ora pas karo pengarep arep!                “hmm.,. nggih kulo paham tujuane njenengan pada ngeneh, apa ya ora kadohen mas? Aku secara pribadi menerima rawueh njenengan pada, tapi secara administrasi golet sumbangan kue ana peraturane. Nek njenengan pada njaluk ijin golet sumbangan nang kene njenengan kudu njaluk ijin meng kecamatan! Nganah salah siji meng kecamatan njalukm tanda tangane pak Camat. Nah, sapa kiye sing rep meng kecamatan?? Kaya kuwe ngendikane pak lurah. Nah bocah telu sahron lujeng tolih langsung kompak njawab! IPUNK!!!!!
Singkat cerita, aku ya mangkat meng kantor Kecamatan wadaslintang. Aku si nyante bae, meng kantor ya kaya kae lah.. ternyat, aku blas ra nyangka dina kiye dadi salah satu dina terburuk sing tak rasakna. Tekan kecamatan lapor meng afarat afarat pemerintah sing necis necis, aku segera lapor aku rep ketemu Pak Cam,at. Ternyata lagi ra ana, terus mereka takon apa tujuanku ketemu camate dengan kostum nyantri. Setelah ngerti tujuanku njaluk rekomendasi perijinan penarikan sumbangan mesjid langsung njawab tanpa basa basi! ‘YA ORA BIASA MAS” njenengan kuwe wong banyumas, ya nganah golet sumbangan nang Banyumas aja nang kEnE! Nek arep njaluk sumbangan nang kene ya nganah njaluk ijin disit meng Kabupaten, njenengan njaluk tanda tangane pak Bupati Wonosobo! ‘Gedubrak!!” mumet kiyeh.. aku terus njagong di jawab kya kue, mikir sedela, tak kuatna n tak kendelna aku maju nemoni afarat afarate, paak aku njaluk di ijinkan lah, njenengan bisa ngecek proposal karo identias serta surat tugaskua pak, aku wong jujur koh. Sengertiku ya asal ana surat tugas lan identitas lengkap ya ulih pak! Nyatane nang gonku ya wong ngelis udu kang Banyumas thok, sing akeh ya wong luar Kabupaten, nenang gonku ya bebas pak! Tapi sayang jawabane pada bae malah lewih ngalarani ati.
Putus asa lan bingung, walau mikine tak tahan tahan bae, di tolak aku njogrok bae nang kono ben di melasi ujarku, nek ana perangkat ya tak jak ngobrol apikan mbok menawa gelem nulungi, hasile p[ada bae nasehat nasehat sing aku ra cocog! Mana mungkin aku balik tanpa hasiil, adoh adoh aku meng Wonosobo tekan kana dondon turu thok terus balik?? Apa kata dunia?. Tak putusna aku telfon kancane sing lagi pada ngopi nang gone pak Lurah, lan tak ceritakna keadaane. Pak Lurah terus disambungna karo aku, aweh saran aku kon nemoni pak SEKCAM Wadasmalang jenenge pak Helmi.
ndonga karo kesuh
Ati bombong, nang pikiran “naaah akhire diwei dalan. Di tolak nang anak buah, kiye sekcam kyane bisa ngijini. WELAH DALAH, ASTAGHFIRULLOOH... metu kandang kucing, mlebu kandang USA!! Kaya kue istilah peribahasa sing di waraih nang Sahron. Aku ketemu pak helmi, rep mlebu ruangane langsung di adhang karo takon” ana apa mas??? Jawabku ya ngomong apa tujuanku! Ngerti jawabane  pak HELLmi?? ORRA BISA! NGANAH LUNGA BAE AJA NANG KENE!! Dia malah nggentak nang lawang ra mersilahna aku mlebu rauangane, ora tau sekolah basa alus mbok. Mbatiiiin jan asyem bangewt kiye wong! Sabaaar sabaar, aku ra patah semangat, tak rayu maning, bahwa aku wis nang gone pak lurah kon ketemu njenengan, eeeh pada bae aku di urak. Lemes tur isin, aku njagong nang ruang tamu tengah sing ana shofane, niate rep telfon kancane, eeh tembe grok njagong pak helmi ngomeih maning aku kon aja njagong nang kono, aku kon metu kang kantor kecamatan! Masya Allah, koh ya ana wong kaya kiye mbatinku, aku ya mung bisa ndongakna lan ndonga dewek “Ya Allaaah, aku aja di wei mertua sing kaya kae Ya Allah, walaupun anake pak hellmi ayu, aku emoh dadi mantune Ya Allaah” .
Akhire dengan keputus asaan aku ngojek balik meng gone pak lurah, menangi batir batir kopi wis pada sat nang gelas “ asem pada yah, enak enakan pada medang, sementara aku go untal untalan afarat afarat yang begitu kefarat!!”  Astagfirulloohal ‘adzim. Nyruput wedang sethitik aku crita apa sing terjadi nang kecamatan, batir batir mbuh pada mikir apa pada guyu kayane bombong banget aklu di kayakuekna. Alhamdulillah pak Lurah jebule wong apik, sebab aku ra ulih cap kecamatan, di juga ra ngecap atas nama Desa. Tetapi secara lesan dia mengijinkan kami ngelis di desanya, dan berani menjamin jika ada masalah rep di bantu, misal ana warga sing takon perijinan kami bisa nelfon pak lurah mngko dia sing ngomong meng wargane, mungkasi kalimate pak Lurah ngeungi duit Rp.20.000 juga nawani penginepan go kami berempat, kon pindah nginpe nang gone pak lurah bae selama kami ngelis nang Desa kuwe. Masya Allah pak, Maturnuwuun banget. Tapi kami lewih milih nang gone pak suyit bae, singkate duit pun di catet nag proposal sebagai uang sumbangan perdana kelompok kami! Tentu saja si Lujengsing nampani duite lan mlebu laporane dia! Curang! Cara sahron mecucu mecucu.
Kang gone pak lurah, inilah awal perjal;an kami. Sesuai kesepakatan kami berempat di pecah dai 2 kelompok, Lujeng kambi tolih, aku kambi sahron. Sistem kerjane, kami mencar nek aku nang grumbul A berarti mereka mlaku nang B, nek aku nang C, mereka nang D. Sepakat, aku mlebu umah pertama wong nini nini ra ayu, Sahron bertugas ngucapna salam ping 3, ngko nek mlebu aku sing ngomong nek diwei duit aku gari panjang lebar ngucapna maturnuwun. Cung sumbang perdana kelompoku Rp.5.000,- Alhamdulillaaaahirobbil ‘alamiin. Sahron sing nyatet lan nampani duite.. begitulah sampai sore kami mlaku mlaku blusukan ketemu wong apik, wong biasa, wong nyebeli, kue wis dadi jambalane. Sing sugih aweh sethitik, sing ketone sederhana jebule aweh akeh, pancen sing jeneng seuarga kue wis di kapling kapling ket siki. Sing tuku ra mesti wong sing due banda akeh nang dunya.
Ya kue sepenggal cerita keompoke aku, jane esih dawaa banget, ya bersambung ngesuk ngesuk sekalian tak ceritakna kisah perjalan balik sing begitu WOW. Tak terlupakan! Inti cerita ini, kadang perbuatan baik tidak mesti diterima baik oleh orang lain. Salam kompak selalu untuk tim Wonosobo.








Tidak ada komentar:

Posting Komentar