Jumat, 23 Januari 2015

FANTASTIC FOUR TIM WONOSOBO (bagian 1)


NGELIST IRMAS BAITURROHMAN
FANTASTIC FOUR OF TIM WONOSOBO

Sesuai dengan post sebelumnya, akan sedikit say bagikan kisah menyanangkan, menyedihkan, menggelikan, dan memalukan selama ngelist untuk pembangunan mesjid baiturrohman Ngasinan.
Berikut ini cerita dari mereka.. Kelompok  WONOSOBO
A.      PARA PEMAIN...  (maksude, anggota kelompok)
Kelompok wonosobo ana 4 remaja, di bentuk dengan seksama dan langsung bisa mengorganisir seluruh anggota sesuai kelebihan masing masing. yaiku :
a.       Syaiful Anwar Bin Aswari  (jebolan Jakarta, di andalkan sebab bahasa indonesiane paling josh)
SAIFUL ANWAR (Ipunk)
Nang kelompok kiye sekolaeh paling duwur, lulusan SMA. Lan nyicipi kuliah sedela. Nek liane ya pda SMA tapi nglayab bae akhire pada ra lulus kelas 1. Sebab kelebihan pendidikane, di percaya dadi negosiator maring pemerintahan, lan sing berhubungan karo adminstrasi trasian lah.
Kang Mustolih Annabawy
b.       
     2. Mustholih bin Sudiarjo (Jebolan pondok Tegalrejo lan tau keliling Jawa Sumatera jalan kaki selama bertahun tahun)
Sebab pengalaman luar biasane keliling jawa sumatera mlaku, mangkane di andalna banget nang kanca urusan bertahan hidup dalam keadaan sesulit apapun di negeri orang. Ya contone nek ngasi kentokan sangu, tolih kudu mikirna pwe carane, terus nek butuh tumpangan dll, dia sing kudu bisa ngusahakna piwe carane olih tumpangan. Terus maning, nang batir batire di di anggap mandan sakti n paling galak, nah nek ana apa apa urusan keamanan pokoke kami pasrah meng tolih.
Sahroni, tangi turu dadi lecek klambi ya raine
c.       Ahmad Syahroni bin JAENI (Jebolan Palembang, juga sampit pontianak sebagai pedagang asongan, patute ya masalah ngumpruk n ngecEbrEs kue paling ampuh, bakul jamu ya kaya bakul obat)
Pinter ngomong alias ngecuprus, kandah tua, n kandah tema masa kini dari bidang pertanian, poltik, ekonomi dll. Nang batir batir dia kepacak kon dadi juru bicara karo wong sing urung di kenal, mbatiri kandah karo umah sing di tumpangi dll, pernah suatu malem dia ngobrol mbi sing due umah ngasi isuk, batire pada turu. Sahron memang hebat lah..


LUJENG
d.      Wilujeng bin Hadi Sunarto alias lujeng alias gowill ( bocah Banjarnegara sing merantau meng ngasinan belajar alif ba ta, dadi ra patia pengalaman njaba. Ngomong be plethat plethot, nek weruh sepur guyu bae)
Ahli perbendaharaan, keuangan, n mandan licik maring masalah duit. Pokoe pwe bsa menguntungkan ya kue mesti bisa di lakoni lujeng. Nang kelompok kiye berusaha dadi sing paling dewasa, selain karna kumisnya, juga kara mukanya, bukan karena kedewasaanya.haha


Nek ndeleng komposisi kelompok kiye, ya mandan beda karo kelompok liane pancen. Karena kelompok liane cuma wong 2 thok sekelompok, jan jane hal kue ya mandan dadi kecemburuan sosial nang kanca kanca liane. Lewih lewih nek ndeleng komposisine sing ideale di isi siji cah senior n siji cah junior, lewih gawe batir mandan menceng menceng ndeleng kelompok wonosobo aneh, sebab bocah papat seumuran, wis di pandang senior kabeh lan due pangalaman mandan akeh juga masing masing personile (kecuali ana bocah siji mandan ra patia gaul, sepur be urung tau ngemek, apamaning numpak)




A.      PEMBERANGKATAN DAN KISAH DI PERJALANAN
Perjalanan di mulai nang hari pemberangkatan, nek ora salah dina minggu. kami cah papat mangkat bareng2 batir kelompok liane, ngumpul isuk isuk berpakaian khas ngelist celana bahan, baju koko, dan berpeci.  Jan jane kelompok gonku le mangkat maring wonosobo niate numpang trak, ben ngirit dana sekalian njajal pengalaman mbolang dadi backpacker. Tapi, mengingat akeh juga batir sing pada rep meng kota arah wetan kaya kebumen n purworejo, akhire kami mutusna ngebis bareng bareng. Jam 07.00 WIB kami wis nang Randegan ngadang bis, ulieh bis “AMAN” jurusan Jogjakarta, bareng bareng wong 8.  Sing loro ( Khozin karo Husein) mudun kebumen, sing 2 ( Masruh karo samsul) mudun purworejo lan aku cah 4 mudun Prembun.
STOP...!!!! melu paaak
Sebenere ana rancangan super manarik dan hebat sekang kelompok kiye, Tim wilayah timur due rute beda beda tapi kabeh di jadwal menuju Daerah magelang, tepate makam Mbah Dalhar Watucongol. Tim Wonosobo rep nyisir Wonosobo ngetaaan, temanggung n finish Magelang. Tim Purworejo ngalor finis magelang, juga tim kebumen. Sayange gagal terealisasi rencana kue sebab pada ngalami kendala macem macem.
Singkat cerita, tim wonosobo mudun nang prembun, terus numpak angkutan jurusan wonosobo mudun nang wadaslintang, tepate nang sanding Polsek Wadaslintang. Wektu kue wis jam 14.00 WIB awan nek ora salah. Aku sholat Dhuhur n golet makan siang, apesssss ora ana warung makan bro. Akhire Cuma maem roti siji karo marimas rasa jeruk nang warung sanding mejid. Bar kue nyempetna glethakna awak  karo udud ududan, go nyiapna tenaga Summit attack cara pendaki gununge.
 Nah kang wadaslintang kami esih kudu manjat nuju daleme Pak Suyit alumni Ponpes darussalam Ngasinan jaman mbien. Daleme pak suyit nak Desa Somogedhe Kec Wadaslintang, jere wong kono jarak wadaslintang maring somogedhe perek, nek ngojek mbien Rp 7.000 mangkane aku sekanca milih mlaku ra ngojek.  wuelah dalah ternyata mbasa di lakoni mlakuu, uadoeh poooool, setengah 3 sore tekan lokasi wis hampir magrib, manjaaaat terus.

Nang njero Bis Prembun Wonosobo
Akhirnya, setelah bolak balik takon umaeh pak suyit, alhamdulillah bisa ketemu juga. Inilah pertam kali kami tekan wadaslintang, lan pertama kali juga ketemu pak suyit sing seurunge ya urung tau ketemu. Sekedarbasa basi, karena ws magrib kami pun persiapan sholat magrib nang mesjid mburi umaeh pak suyit, kebetulan beliau Imam Mesjide. Mesthi pada mbatin, lho ding ora adus? Halah, Wonosobo kue ademe pool, ra wani adus blas nek wis peteng.. pada sepakat aduse ngesuk!
Bakda magrib, di lanjutkan ngobrol karo pak suyit terus ngomngna apa sing dadi tujuane, bahwa kami rep golet dana go mesjid, ben tambah kuat pak solehudin sing kebeneran akrab banget karo pak suyit nelfon sekalian njaluk tulung titip aku sekanca.

Eksotisme waduk wadaslintang


A.      IN ACTION NGELIST (dengan segala cerita sedih, sedih, sedih, dan sedih... semuanya kisah sedih...)

Isuk kue, udara jaan ademe pool, hawa peteng berkabut marakna kami cah papat males banget rep menyat. Di tambah maning efek perjalanan mangkat sing kesele kaya manjat gunung slamet. (kaya wis tau...!!). Tapi, lha kiye kita udu nang kamare dewek broo.. kita numpang nang gone wong, sing di tumpangi juga kyai mesjid kono. Aja kaya nang umaeh dewek, aja kaya nang negarane dewek. (dimana bumi dipijak, disana langit di junjung.. kue jere pepatah). Yap! Tangi, gligap langsung sok sregep gugah batir batir lan ndupak bocah sing jenenge sahron!
Subuhan, wiridan karo merem (khusyu? Udu! Ngantuk!) balik meng umaeh pak suyit kita ngopi pagi. Ngopi ngopi nyambi ngobrol persiapan aksi dina kiye. Pak Suyit aweh saran kami lapor maring pak Kepala Desa Somo Gedhe.. Jenenge mbuh sapa aku kelalen, kebeneran luraeh esih sedulure pak Suyit. Kami di tidokna arah arahe. Rembug rembug pun berakhir dengan keluarnya sarapan pagi.. hahay.. ra ket mau paaak!
Adus banyu Es, dandan sing rapi, kopyah mincis di enggo, tas isi proposal, buku, pulpen, lan admin liane segera di siapna. Inilah saatnya... Ngelist!
Awal aku wis due firasat kurang apik jane, rasane deg degan arep mulai hal sing kami urung tau nglakoni. Sesuai rencana kami cah papat sowan disit meng gone pak Lurah. Umah apik, ngarepe akeh kembang Gelombang Cinta dan Jenmani (pas! Kiye jataeh lujeng ngecuprus karo sesama pecinta bunga). Basa basi setitik lan titipana salame pak suyit kami sampaikan meng pak lurah, terus ngomong apa kepentingane kami cah papat, tanggepane apik lan alus tapi ora pas karo pengarep arep!                “hmm.,. nggih kulo paham tujuane njenengan pada ngeneh, apa ya ora kadohen mas? Aku secara pribadi menerima rawueh njenengan pada, tapi secara administrasi golet sumbangan kue ana peraturane. Nek njenengan pada njaluk ijin golet sumbangan nang kene njenengan kudu njaluk ijin meng kecamatan! Nganah salah siji meng kecamatan njalukm tanda tangane pak Camat. Nah, sapa kiye sing rep meng kecamatan?? Kaya kuwe ngendikane pak lurah. Nah bocah telu sahron lujeng tolih langsung kompak njawab! IPUNK!!!!!
Singkat cerita, aku ya mangkat meng kantor Kecamatan wadaslintang. Aku si nyante bae, meng kantor ya kaya kae lah.. ternyat, aku blas ra nyangka dina kiye dadi salah satu dina terburuk sing tak rasakna. Tekan kecamatan lapor meng afarat afarat pemerintah sing necis necis, aku segera lapor aku rep ketemu Pak Cam,at. Ternyata lagi ra ana, terus mereka takon apa tujuanku ketemu camate dengan kostum nyantri. Setelah ngerti tujuanku njaluk rekomendasi perijinan penarikan sumbangan mesjid langsung njawab tanpa basa basi! ‘YA ORA BIASA MAS” njenengan kuwe wong banyumas, ya nganah golet sumbangan nang Banyumas aja nang kEnE! Nek arep njaluk sumbangan nang kene ya nganah njaluk ijin disit meng Kabupaten, njenengan njaluk tanda tangane pak Bupati Wonosobo! ‘Gedubrak!!” mumet kiyeh.. aku terus njagong di jawab kya kue, mikir sedela, tak kuatna n tak kendelna aku maju nemoni afarat afarate, paak aku njaluk di ijinkan lah, njenengan bisa ngecek proposal karo identias serta surat tugaskua pak, aku wong jujur koh. Sengertiku ya asal ana surat tugas lan identitas lengkap ya ulih pak! Nyatane nang gonku ya wong ngelis udu kang Banyumas thok, sing akeh ya wong luar Kabupaten, nenang gonku ya bebas pak! Tapi sayang jawabane pada bae malah lewih ngalarani ati.
Putus asa lan bingung, walau mikine tak tahan tahan bae, di tolak aku njogrok bae nang kono ben di melasi ujarku, nek ana perangkat ya tak jak ngobrol apikan mbok menawa gelem nulungi, hasile p[ada bae nasehat nasehat sing aku ra cocog! Mana mungkin aku balik tanpa hasiil, adoh adoh aku meng Wonosobo tekan kana dondon turu thok terus balik?? Apa kata dunia?. Tak putusna aku telfon kancane sing lagi pada ngopi nang gone pak Lurah, lan tak ceritakna keadaane. Pak Lurah terus disambungna karo aku, aweh saran aku kon nemoni pak SEKCAM Wadasmalang jenenge pak Helmi.
ndonga karo kesuh
Ati bombong, nang pikiran “naaah akhire diwei dalan. Di tolak nang anak buah, kiye sekcam kyane bisa ngijini. WELAH DALAH, ASTAGHFIRULLOOH... metu kandang kucing, mlebu kandang USA!! Kaya kue istilah peribahasa sing di waraih nang Sahron. Aku ketemu pak helmi, rep mlebu ruangane langsung di adhang karo takon” ana apa mas??? Jawabku ya ngomong apa tujuanku! Ngerti jawabane  pak HELLmi?? ORRA BISA! NGANAH LUNGA BAE AJA NANG KENE!! Dia malah nggentak nang lawang ra mersilahna aku mlebu rauangane, ora tau sekolah basa alus mbok. Mbatiiiin jan asyem bangewt kiye wong! Sabaaar sabaar, aku ra patah semangat, tak rayu maning, bahwa aku wis nang gone pak lurah kon ketemu njenengan, eeeh pada bae aku di urak. Lemes tur isin, aku njagong nang ruang tamu tengah sing ana shofane, niate rep telfon kancane, eeh tembe grok njagong pak helmi ngomeih maning aku kon aja njagong nang kono, aku kon metu kang kantor kecamatan! Masya Allah, koh ya ana wong kaya kiye mbatinku, aku ya mung bisa ndongakna lan ndonga dewek “Ya Allaaah, aku aja di wei mertua sing kaya kae Ya Allah, walaupun anake pak hellmi ayu, aku emoh dadi mantune Ya Allaah” .
Akhire dengan keputus asaan aku ngojek balik meng gone pak lurah, menangi batir batir kopi wis pada sat nang gelas “ asem pada yah, enak enakan pada medang, sementara aku go untal untalan afarat afarat yang begitu kefarat!!”  Astagfirulloohal ‘adzim. Nyruput wedang sethitik aku crita apa sing terjadi nang kecamatan, batir batir mbuh pada mikir apa pada guyu kayane bombong banget aklu di kayakuekna. Alhamdulillah pak Lurah jebule wong apik, sebab aku ra ulih cap kecamatan, di juga ra ngecap atas nama Desa. Tetapi secara lesan dia mengijinkan kami ngelis di desanya, dan berani menjamin jika ada masalah rep di bantu, misal ana warga sing takon perijinan kami bisa nelfon pak lurah mngko dia sing ngomong meng wargane, mungkasi kalimate pak Lurah ngeungi duit Rp.20.000 juga nawani penginepan go kami berempat, kon pindah nginpe nang gone pak lurah bae selama kami ngelis nang Desa kuwe. Masya Allah pak, Maturnuwuun banget. Tapi kami lewih milih nang gone pak suyit bae, singkate duit pun di catet nag proposal sebagai uang sumbangan perdana kelompok kami! Tentu saja si Lujengsing nampani duite lan mlebu laporane dia! Curang! Cara sahron mecucu mecucu.
Kang gone pak lurah, inilah awal perjal;an kami. Sesuai kesepakatan kami berempat di pecah dai 2 kelompok, Lujeng kambi tolih, aku kambi sahron. Sistem kerjane, kami mencar nek aku nang grumbul A berarti mereka mlaku nang B, nek aku nang C, mereka nang D. Sepakat, aku mlebu umah pertama wong nini nini ra ayu, Sahron bertugas ngucapna salam ping 3, ngko nek mlebu aku sing ngomong nek diwei duit aku gari panjang lebar ngucapna maturnuwun. Cung sumbang perdana kelompoku Rp.5.000,- Alhamdulillaaaahirobbil ‘alamiin. Sahron sing nyatet lan nampani duite.. begitulah sampai sore kami mlaku mlaku blusukan ketemu wong apik, wong biasa, wong nyebeli, kue wis dadi jambalane. Sing sugih aweh sethitik, sing ketone sederhana jebule aweh akeh, pancen sing jeneng seuarga kue wis di kapling kapling ket siki. Sing tuku ra mesti wong sing due banda akeh nang dunya.
Ya kue sepenggal cerita keompoke aku, jane esih dawaa banget, ya bersambung ngesuk ngesuk sekalian tak ceritakna kisah perjalan balik sing begitu WOW. Tak terlupakan! Inti cerita ini, kadang perbuatan baik tidak mesti diterima baik oleh orang lain. Salam kompak selalu untuk tim Wonosobo.








Kamis, 22 Januari 2015

KISAH NGELIST (bagian 2)


KISAH NGELIST (bagian 2)

Mengharukan, dan penuh inspirasi. Itulah gambaran dari kisah remaja masjid Baiturrohman Ngasinan saat ngelist ke beberapa daerah seperti saya posting sebelumnya. Berikut ini kmami berikan hasil wawancara dari mereka yang di sampaikan melalui bahasa jawa. 

1.       Masruh Sa’bani (Ketua Remaja Masjid Baiturrohman saat itu)
Masruh Sa’bani adalah ketua IRMAS Baiturrohman Ngasinan, dalam kegiatan ngelist tentu saja dia adalah aktor utama dan paling bertanggungjawab atas keberhasilan maupun kegagalan jika terjadi. Tak hanya membuat konsep, diapun terjun langsung ke lapangan menjadi salah satu pengelist. Nah, berikut ini kisahnya selama ngelist di Purworejo dan Jogjakarta .
MASRUH SA'BANI
Assalaamu'alaikum. . .!! " dg semangat empat lima q mlebu umah wong, diikuti dulur lanang #Samsul_anwar sg ganteng dewek gawa map dg langkah pasti layaknya petugas upacara jujugi tex UUD 45,he.bedane mung gendong ransel gde bgt. Gawa ganti klambi cukup go seminggu. "maaf mas gak ada orang" jawaban seorang cewe abg lg bareng pacare(kayane,anu ra takon sh,hehe).esh nganggo sragam sekolah lengkap. Tnpa pikir dawa q semaur. "maaf mba,mbok njnengan orang?" prtnyaan replek sg kudune ra metu malah metu. karena ws awan madan rengah rengoh urung patia ulih duwit ditambah kencot,dadi emosine cpt munggah. "emm. . . . .iya sh,maksudnya bapak dan ibu lg gak dirumah". Madan bingung karo isin apa gmletek mbuh dia jwab geto. "owh. . .ngpunten kulo angsal mlebet mboten? ". Takonku sekenane ws kadung ngeteger ng lawang,salame ra dijawab. akhire diperslihkan mlebu juga,tp ra aweh.jere sg nyekel duwit mamake. Kisah kuwe terjadi ng purworejo Kg pndok ANNAWAWI brejan mlaku sekitar 2km. Nek dipikir2 aku pancen kaya wong ilang dewek, jatahku purworejo anu ra ngerti sg arep diparani sapa. Jere samsul duwe batir ng kana. Dadi niate transit gone batire terus keliling. Aku semangat banget gelar2 peta karo kakang #Mustholih_Albanyumasi, rencana ktemu nang muntilan. Ternyata ng dalan Samsul berubah pikiran, jere ra kpenak mg go batire, smentara biz terus meluncur dg cepat, dlam keadaan bingung tak tau arah q mbuka takon "Sul lah terus dwek kie sidane arep mgdi? " "mg Gone bu sihah bae yuh,ngko ngelise ng kana". Akhire tekan juga. 
            Mudun kg biz gawa ransel gde2 bnget. (Wong niate arep sminggu,he.) madan esh mumet karo bingung n isin mbrang. Sgkat crta ng gone bu sihah kon madang, trus kon ngleleh mbarang ng duwur kramik anyes,penak pisan trus. Mbukak tas ana hp (anu nyelang ne mamake dila).wktu kuwe cah 2 ra ana sg duwe hp n rung tau duwe, bot2e btuh go hubngan laporan mbok terjadi apa2 ng dalan.haha. Q smse knca batir trmasuk pak guru #Ipunk capunk. "Alhamdulillah bisa ngleleh n mangan wareg." haha. Jane pikirane agi bingung n mumet werna2.Ternyata ng bojone bu shihah diwei saran aja ngelis ng daerah kono krna ws masuk DIY. kdu duwe surat resmi kg Kabupaten paling ora. Msalaeh ng kota wonge juga wrna2 angel2 darpda kesel ra ulih duwit mending bali bae ngelis sg perek2an. sgkat crta q pamit disangoni mbuh pira(madan kelalen,wadah duwit ngelise jga di isi.he lumayan walo isin bgt). Trus ng bu sìhah kon mg gne kancane brejan (purworejo)dweke duwe minimarket. "lah kie patute aweh akeh" mbatinku. Aku diwei alamat peta ptunjuk n surat pengantar brtnda tngan bu sihah. "poke'e nek smpean tekan nganah ngmong ae saudarane umi nasihah,iki surate diwekna. Tekan kana akhire ktemu jga, umaeh jejer persis karo gne pak Kyai khalwani. Waktu itu sore menjelang maghrib. Mbarang q mlebu trnyta tuan rumah lg sibuk ngrus bpke sakit parah. Sngkat crta ng kno diwei 10ewu. Metu gari bingung golet penginpan. Akhire terdmpar ng mushola pinggir sawah perek pndok. Kuwe hari prtma. Urung mlaku ngendi2 smntra knca batir ana sg pda ulih akeh. Hari ke2 n ke 3 akeh crta unik tp ws kesel le nulis,he .
           Masih purworejo, jam 2 dini hari ws ra bisa turu. Ng mushola pinggir sawah go mayoran lemud. Ketap ketip dwekan ro ndlengna dulur lanang sg bisa turu angler, mungkin karena ws mangan wareg n udud super,he. Thelak thelik mikir lngkah selanjutnya, ra ana wong si dikenal blas,negarane juga asing (tmbe tau ngambah). Akhire isuk2 bar adus n sarapan arem2 gendong rangsel nyengkelang map. Mbuh rep mgndi asal mlaku. nek ra salah saran panitia apa ksepakatan bersama (madan lali) kalo masuk sebuah desa sg pertma di tju balaidesa, jaluk ijin lurah. Walhasil sdurunge nemu balaidesa rung wani mlebu umah wong. bar ngliwati bulak sktar 2km (kira2) nemu balaidesa. Alhamdulillah nemu lurah baik hati, "Monggo njenengan mlampah mawon sg penting ampun mekso, mangke kulo damelaken surat pengantar" jere luraeh karo ngisi 25ewu go conto wargane. Mbarang lg orek2 rep gawe pngantar luraeh diceluk ng perangkat liane. Ra ulih nggawekna pengantar, akhire luraeh manut. Karna ra bisa ngantongi ijin dadi mlakune madan minggrang minggring. Sg jnenge mlaku gawa map walo barange enteng tapi abote ra ktulungan. Pokoke sg ana ng pikiran "Wong kae msti ngrasani aku,wong kae msti sengit mg aku". Terbukti bebrapa x kethap kethap werung wong gwa map lawange ditu2p kordene juga. Kejadian kuwe madan sering. Sg lewih nlangsani maning lawange ra ditutup wonge nang eper tapi di uluki salam ba2r blas ra jawab. Nganti 3x. Pdhal wonge melolor ng ngarepe, akhire mundur teratur karo mrebes mili. Nlangsane pool. . . .Dalam kondisi sprti itu dlur lnang asenge bali. Aku ndlengna jga melas,karna wktu itu dia esh madan cilik dibanding aku,he. 
              Bener jere pak #ipunk_capung, kami ra di wei duwit ra masalah,mung pengine salam ya dijawab n dikon mlebu. Kuwe tok ws bungah bgt. Sg ra di nyana mlebu umah wong sg nemoni wonge gondrong tatoan. pikiran pokoken arep diusir ato diomong ra enak, eh mlah aweh 20ewu nyambi ngmong "Mas ki kudune piro? Ku mung aweh 20ewu gak po2 mas?. Sgkat cerita #Samsul_anwar tk lomboni dela maning ya,dela maning ya. .nganti ping pira smpe nemu gili gde trus ngadang biz. Stelah smpe lampu merah sdurung terminal mudun. Dipikir2 hari ke2 masa bali,ya isin karo batire. Akhirnya q ptuskan keliling maning ng pinggir gli gde kulon trminal prworjo smpe skitar jam 3an. Karna ws ra tega ndlengna dulur lanang akhire q ptuskan bali pdhal tmbe hari ke2,smantara peraturane minimal 3hr.numpak bis maning, mbarang dipikir2 isin juga bali gasik,kemutan pas pelepasan n disangoni,dipikar dipikir ttp ra wani bali, akhirnya menjelang maghrib ng p4an wijahan secra reflek "kiri pak", medun maning. . . .bersambung. Nek glem. He (di ambil dari coretan di FB Maz Banny

(waah, mengharukan sekali... ada duka, duka, dan duka. Kisah sukanya mana? Itulah perjuangan. Dulu memang duka, tapi sekarang itu menjadi pengalaman suka dan berharga.-red)

 
2.       Basirun
Basir, begitu nama panggilanya, saat ngelist umurnya masih 17 tahun, ngelist adalah pengalaman luar biasa berharga baginya, salah satunya adalah kenangan indah bersama sahabatnya ‘almarhum Imam Rifangi. Imam Rifangi seorang anak asal Jember Jawa Timur yang tinggal di rumha Embahnya di Ngasinan, sayangnya sekitar tahun 2010 kalau tidak salah Imam di panggil oleh Allah SWT karena kecelakaan. (semoga Allah mengampuni dosanya dan di terima semua amalnya. Amin)
Basir sang BANSER
Berikut adalah sepenggal cerita dari basir saat ngelis bersama almarhum Imam Rifa’i.

“Q meng slarang,nembung meng pk lurah mlh ra ulih,jere gi akeh tarikan mas.tpi q jaluki ae ngarah pirang umah,y pda aweh..ws sore bingung rep golet mengi maning,q ro jenate imam ngomomg.meng parit ae pa yuh ro plesir,,,,mantep bgt jawabe imam..Ayuh.haaaa...ws tekan pasid,langsung mampir bale desa nembung,jawabe pk lurah y monggo.langsug jalan yh.na kesempatan....haaaa,nginepe nang langgar,bingung maning sembayange madep ngetan heeee,,,,ws muter2 nangkono 3nina,langsung bali,,,q mbonceng imam nangarep.numpak motore minggir2,,,q mbqtin,mesti rep rubuh...temenan rubuh,rep nabrak tumpukan suluh maning haduhhhh,untung alon2.jere nu mandan ngantuk imam,sidane y duwite kelong nggo ngelas bancikan,tugel ch.haaaaa....seneng jane,y na sedieh,esih akeh crita liane lh.semangittttt pokoke(coretan dari akun FB Basir Clalu Ceriya)
 
 Wilujeng
Lujeng ngelist ke daerah Wonosobo bersama Ipunk, Ahmad Syahroni dan Mustolih. Ini sepenggal cerita dari lujeng tentang pengalaman berharganya.
Aku mangkat rep ngelist semangat banget,kang ngasinan bareng2 pas sing gelombang pertama wong 16 di bagi 8 klompok.kang randegan pisah nuju lokasi masing2,aku,tolih,ipung n sahron meluncur menuju wono sobo, petualangan dimulai, niate meng wono sobo numpak trek ceritane kan tolih siap ngendeg terus numpak ehmalah pas kon ngendeg jebule or wani,ya dadine numpak bis,ya sidane sangune kelong go mbayar bis. Numpk bis medun nang prembun terus numpak eh sing jurusan wonosobo turun nang polsek wadas lintang kang kono mulai mlaku menuju desa rapah amba,mulaai mlku sekitar 15 mnt ngliwati perkampungan,nang kono aku nembe nemu tradisi sing maen banget tur langka soale nang pinggir2 jalan di sediani air minum gratis sing sapa ae ulih ngumbe,kuwe jan bagi musafir mtr nuwun banget walaupun cuma AP.mlaku terus mengikuti jalan ngliwati pesawahan,karangan,perkampungan dengn jln yg berkelok2,asik juga tapi lama2 setelah berjalan kurang lbh 1 jam dah mulai cape n kencot tpi ya berjalan terus dngn harapan segera sampe ke tmpat yg di tuju,karena kami ber4 belum pernah kesana ahirnya bertanya kesebuah warung ecil dipinggir jalan,nuwun sewu bu bade tangled desa rapah amba nopo mpun caket? Jawabe esih adoh mas,oh geh mtrnw bu,terus berjalan sambil bercanda tuk sekedar menghilankan rasa cape,singkat cerita dah jam 1an karena lom solat berhenti di msjd tuk solat n istirahat,sambil leyeh2 niliki hp niate rep kordinasi mbi kanca
           Pas mbukak hp ws ana 2 sms masuk sing siji kang rozikin sing isine ws mulai ngelis n ws ulih duwit,sing siji neh kang gus masruh jere ws lagi ngepleh2 nang kramik anyes tur wetenge ws wareg,sedangkan aku,tolih,ipung n sahron rung tekan tempate ajan ra ngerti rep tekan jam pira di tambah wetenge kencot nggole warung makan nang pinggir dalan ra nemu2 rasane kayanu sing sengsa dewek,setelah maca sms ana rasa semangat juga sh kudu cepet tekan lokasi men bisa mulai ngelis n ulih duwit terus kami melanjutkan perjalanan,kami spkt dlm prjlnan tuk mencari warung makan karena ws kencot pisan,koh ya ndilalah ra nemu2,+ng dipikir wektu kue pokoke nggolet warung terus,ahire weruh wong la nyekeli mangkok nang pinggir warung,kami mengira wong lg makan mi ayam,dengan semangat kami masuk warung trsbut mau pesan,setelah sampae di depan warung jebule sing duwe warung lg makan tur udu bakul mi ayam,tetap warung sembako,karena ws kadung mlebu ya kencot ahire mangan roti n pesen kon gawe mi sedap mbi es teh,ya lumaya ahire wareg
Abs mkn mlnjtkan perjalanan menuju tujuan setelah berjalan cukup lama dgn jalan yg nai turun ahirnya sampe juga di desa rapah amba, stlh sampai kami langsung menuju rumanya kang suyit yg katanya dulu alumni pondok darussalam ngasinan akan tetapi ga semudah itu karena kami lom tau orangnya apalagi rumahnya,kami harus tanya2 dulu,ahirnya jam 3 an kami baru sampai tujuan,singkat cerita hari pertama ngelist kami lum dpt apa2 baru dilokasi” (coretan dari akun FB Guwill Wilujeng)
 
4.       Pak Khaniful Abror
Khaniful Abror
Beliau memang sudah berkeluarga, namun karena kedekatan dengan remaja masjid, dia memutuskan untuk ikut terjun ngelis seperti yang dilakukan oleh para remaja. Kebetualn usia beliau juga belum terlalu tua, waktu itu baru berumur sekitar 27 tahun. Berikut sedikit kisah dan pengalaman beliau :
“Aku ngelis karo enggong. Lujeng. Maring gone nartim terus meng balai desa nang balai desa ketmu perangkat desa awehe akeh2 sing nyekel lujeng karo pak nartim... Aku sing muter2 kro enggong alhamdulillah ulihe setitik.. Wis kesel le mlaku nemu umah ana wonge nang mbalai mbarang weruh wong kuplukan gawa map.wonge mangslup Aku salam jawabe mboten oten tiange assalamualaikum nang karang asem jawabane mboten enten tiange engane yaaa.. Met. Ahire q karo enggong kecoten terus ngelis gone bkul mie ayam.. Aku bar mangan bayare nyodorna map ahire q mangan mie ayam r mbayar.. Nah arep jiot duit ngelis anu ulihe setitik.. Isin2 ngapa ya meet  (coretan dari akun FB Ellya Rahma)



Intinya, semua bercerita tidaklah mudah mencari sumbangan, kami mencari sumbangan benar benar jujur. bukan untuk pribadi, mengambil satu rupiah pun kami catat dan berusaha se irit mungkin dalam operasional perjalanan, Semoga Allah menerima semua amal jariyah dari penyumbang dan menerima amal dari apa yang kami kerjakan. Amin
Itulah sepenggal kisah ngelist dari beberapa remaja, masih akan kami ceritakan kisah yang lain. Tunggu ya... pasti lebih menarik.