NGELIST IRMAS BAITURROHMAN
FANTASTIC FOUR OF TIM WONOSOBO
Sesuai dengan post sebelumnya, akan sedikit say bagikan
kisah menyanangkan, menyedihkan, menggelikan, dan memalukan selama ngelist
untuk pembangunan mesjid baiturrohman Ngasinan.
Berikut ini cerita dari mereka.. Kelompok WONOSOBO
A.
PARA PEMAIN...
(maksude, anggota kelompok)
Kelompok wonosobo ana 4 remaja, di bentuk
dengan seksama dan langsung bisa mengorganisir seluruh anggota sesuai kelebihan
masing masing. yaiku :
a.
Syaiful
Anwar Bin Aswari (jebolan Jakarta,
di andalkan sebab bahasa indonesiane paling josh)
|
SAIFUL ANWAR (Ipunk) |
Nang kelompok kiye sekolaeh paling duwur,
lulusan SMA. Lan nyicipi kuliah sedela. Nek liane ya pda SMA tapi nglayab bae
akhire pada ra lulus kelas 1. Sebab kelebihan pendidikane, di percaya dadi
negosiator maring pemerintahan, lan sing berhubungan karo adminstrasi trasian
lah.
|
Kang Mustolih Annabawy |
b.
2. Mustholih
bin Sudiarjo (Jebolan pondok Tegalrejo lan tau keliling Jawa Sumatera jalan
kaki selama bertahun tahun)
Sebab pengalaman luar biasane keliling jawa
sumatera mlaku, mangkane di andalna banget nang kanca urusan bertahan hidup
dalam keadaan sesulit apapun di negeri orang. Ya contone nek ngasi kentokan
sangu, tolih kudu mikirna pwe carane, terus nek butuh tumpangan dll, dia sing
kudu bisa ngusahakna piwe carane olih tumpangan. Terus maning, nang batir
batire di di anggap mandan sakti n paling galak, nah nek ana apa apa urusan
keamanan pokoke kami pasrah meng tolih.
|
Sahroni, tangi turu dadi lecek klambi ya raine |
c.
Ahmad
Syahroni bin JAENI (Jebolan Palembang, juga sampit pontianak sebagai
pedagang asongan, patute ya masalah ngumpruk n ngecEbrEs kue paling ampuh,
bakul jamu ya kaya bakul obat)
Pinter ngomong alias ngecuprus, kandah tua,
n kandah tema masa kini dari bidang pertanian, poltik, ekonomi dll. Nang batir
batir dia kepacak kon dadi juru bicara karo wong sing urung di kenal, mbatiri
kandah karo umah sing di tumpangi dll, pernah suatu malem dia ngobrol mbi sing
due umah ngasi isuk, batire pada turu. Sahron memang hebat lah..
|
LUJENG |
d. Wilujeng bin Hadi Sunarto alias lujeng
alias gowill ( bocah Banjarnegara sing merantau meng ngasinan belajar alif
ba ta, dadi ra patia pengalaman njaba. Ngomong be plethat plethot, nek weruh
sepur guyu bae)
Ahli
perbendaharaan, keuangan, n mandan licik maring masalah duit. Pokoe pwe bsa
menguntungkan ya kue mesti bisa di lakoni lujeng. Nang kelompok kiye berusaha dadi sing paling dewasa, selain karna kumisnya, juga kara mukanya, bukan karena kedewasaanya.haha
Nek ndeleng
komposisi kelompok kiye, ya mandan beda karo kelompok liane pancen. Karena
kelompok liane cuma wong 2 thok sekelompok, jan jane hal kue ya mandan dadi
kecemburuan sosial nang kanca kanca liane. Lewih lewih nek ndeleng komposisine
sing ideale di isi siji cah senior n siji cah junior, lewih gawe batir mandan
menceng menceng ndeleng kelompok wonosobo aneh, sebab bocah papat seumuran, wis
di pandang senior kabeh lan due pangalaman mandan akeh juga masing masing
personile (kecuali ana bocah siji mandan ra patia gaul, sepur be urung tau
ngemek, apamaning numpak)
A.
PEMBERANGKATAN
DAN KISAH DI PERJALANAN
Perjalanan di
mulai nang hari pemberangkatan, nek ora salah dina minggu. kami cah papat
mangkat bareng2 batir kelompok liane, ngumpul isuk isuk berpakaian khas ngelist
celana bahan, baju koko, dan berpeci.
Jan jane kelompok gonku le mangkat maring wonosobo niate numpang trak,
ben ngirit dana sekalian njajal pengalaman mbolang dadi backpacker. Tapi,
mengingat akeh juga batir sing pada rep meng kota arah wetan kaya kebumen n
purworejo, akhire kami mutusna ngebis bareng bareng. Jam 07.00 WIB kami wis
nang Randegan ngadang bis, ulieh bis “AMAN” jurusan Jogjakarta, bareng bareng
wong 8. Sing loro ( Khozin karo Husein)
mudun kebumen, sing 2 ( Masruh karo samsul) mudun purworejo lan aku cah 4 mudun
Prembun.
|
STOP...!!!! melu paaak |
Sebenere ana
rancangan super manarik dan hebat sekang kelompok kiye, Tim wilayah timur due
rute beda beda tapi kabeh di jadwal menuju Daerah magelang, tepate makam Mbah
Dalhar Watucongol. Tim Wonosobo rep nyisir Wonosobo ngetaaan, temanggung n
finish Magelang. Tim Purworejo ngalor finis magelang, juga tim kebumen. Sayange
gagal terealisasi rencana kue sebab pada ngalami kendala macem macem.
Singkat
cerita, tim wonosobo mudun nang prembun, terus numpak angkutan jurusan wonosobo
mudun nang wadaslintang, tepate nang sanding Polsek Wadaslintang. Wektu kue wis
jam 14.00 WIB awan nek ora salah. Aku sholat Dhuhur n golet makan siang,
apesssss ora ana warung makan bro. Akhire Cuma maem roti siji karo marimas rasa
jeruk nang warung sanding mejid. Bar kue nyempetna glethakna awak karo udud ududan, go nyiapna tenaga Summit attack cara pendaki gununge.
Nah kang wadaslintang kami esih kudu manjat
nuju daleme Pak Suyit alumni Ponpes darussalam Ngasinan jaman mbien. Daleme pak
suyit nak Desa Somogedhe Kec Wadaslintang, jere wong kono jarak wadaslintang
maring somogedhe perek, nek ngojek mbien Rp 7.000 mangkane aku sekanca milih
mlaku ra ngojek. wuelah dalah ternyata
mbasa di lakoni mlakuu, uadoeh poooool, setengah 3 sore tekan lokasi wis hampir
magrib, manjaaaat terus.
|
Nang njero Bis Prembun Wonosobo |
Akhirnya,
setelah bolak balik takon umaeh pak suyit, alhamdulillah bisa ketemu juga.
Inilah pertam kali kami tekan wadaslintang, lan pertama kali juga ketemu pak
suyit sing seurunge ya urung tau ketemu. Sekedarbasa basi, karena ws magrib
kami pun persiapan sholat magrib nang mesjid mburi umaeh pak suyit, kebetulan
beliau Imam Mesjide. Mesthi pada mbatin, lho ding ora adus? Halah, Wonosobo kue
ademe pool, ra wani adus blas nek wis peteng.. pada sepakat aduse ngesuk!
Bakda magrib,
di lanjutkan ngobrol karo pak suyit terus ngomngna apa sing dadi tujuane, bahwa
kami rep golet dana go mesjid, ben tambah kuat pak solehudin sing kebeneran
akrab banget karo pak suyit nelfon sekalian njaluk tulung titip aku sekanca.
|
Eksotisme waduk wadaslintang |
A. IN
ACTION NGELIST (dengan segala cerita sedih, sedih, sedih, dan sedih... semuanya
kisah sedih...)
Isuk kue, udara jaan ademe pool, hawa
peteng berkabut marakna kami cah papat males banget rep menyat. Di tambah
maning efek perjalanan mangkat sing kesele kaya manjat gunung slamet. (kaya wis
tau...!!). Tapi, lha kiye kita udu nang kamare dewek broo.. kita numpang nang
gone wong, sing di tumpangi juga kyai mesjid kono. Aja kaya nang umaeh dewek,
aja kaya nang negarane dewek. (dimana bumi dipijak, disana langit di junjung..
kue jere pepatah). Yap! Tangi, gligap langsung sok sregep gugah batir batir lan
ndupak bocah sing jenenge sahron!
Subuhan, wiridan karo merem (khusyu? Udu!
Ngantuk!) balik meng umaeh pak suyit kita ngopi pagi. Ngopi ngopi nyambi
ngobrol persiapan aksi dina kiye. Pak Suyit aweh saran kami lapor maring pak
Kepala Desa Somo Gedhe.. Jenenge mbuh sapa aku kelalen, kebeneran luraeh esih
sedulure pak Suyit. Kami di tidokna arah arahe. Rembug rembug pun berakhir
dengan keluarnya sarapan pagi.. hahay.. ra ket mau paaak!
Adus banyu Es, dandan sing rapi, kopyah
mincis di enggo, tas isi proposal, buku, pulpen, lan admin liane segera di
siapna. Inilah saatnya... Ngelist!
Awal aku wis due firasat kurang apik
jane, rasane deg degan arep mulai hal sing kami urung tau nglakoni. Sesuai rencana
kami cah papat sowan disit meng gone pak Lurah. Umah apik, ngarepe akeh kembang
Gelombang Cinta dan Jenmani (pas! Kiye jataeh lujeng ngecuprus karo sesama
pecinta bunga). Basa basi setitik lan titipana salame pak suyit kami sampaikan
meng pak lurah, terus ngomong apa kepentingane kami cah papat, tanggepane apik
lan alus tapi ora pas karo pengarep arep! “hmm.,.
nggih kulo paham tujuane njenengan pada ngeneh, apa ya ora kadohen mas? Aku secara
pribadi menerima rawueh njenengan pada, tapi secara administrasi golet
sumbangan kue ana peraturane. Nek njenengan pada njaluk ijin golet sumbangan
nang kene njenengan kudu njaluk ijin meng kecamatan! Nganah salah siji meng
kecamatan njalukm tanda tangane pak Camat. Nah, sapa kiye sing rep meng
kecamatan?? Kaya kuwe ngendikane pak lurah. Nah bocah telu sahron lujeng tolih
langsung kompak njawab! IPUNK!!!!!
Singkat cerita, aku ya mangkat meng
kantor Kecamatan wadaslintang. Aku si nyante bae, meng kantor ya kaya kae lah..
ternyat, aku blas ra nyangka dina kiye dadi salah satu dina terburuk sing tak
rasakna. Tekan kecamatan lapor meng afarat afarat pemerintah sing necis necis, aku
segera lapor aku rep ketemu Pak Cam,at. Ternyata lagi ra ana, terus mereka
takon apa tujuanku ketemu camate dengan kostum nyantri. Setelah ngerti tujuanku
njaluk rekomendasi perijinan penarikan sumbangan mesjid langsung njawab tanpa
basa basi! ‘YA ORA BIASA MAS” njenengan kuwe wong banyumas, ya nganah golet
sumbangan nang Banyumas aja nang kEnE! Nek arep njaluk sumbangan nang kene ya
nganah njaluk ijin disit meng Kabupaten, njenengan njaluk tanda tangane pak
Bupati Wonosobo! ‘Gedubrak!!” mumet kiyeh.. aku terus njagong di jawab kya kue,
mikir sedela, tak kuatna n tak kendelna aku maju nemoni afarat afarate, paak
aku njaluk di ijinkan lah, njenengan bisa ngecek proposal karo identias serta
surat tugaskua pak, aku wong jujur koh. Sengertiku ya asal ana surat tugas lan
identitas lengkap ya ulih pak! Nyatane nang gonku ya wong ngelis udu kang
Banyumas thok, sing akeh ya wong luar Kabupaten, nenang gonku ya bebas pak! Tapi
sayang jawabane pada bae malah lewih ngalarani ati.
Putus asa lan bingung, walau mikine tak
tahan tahan bae, di tolak aku njogrok bae nang kono ben di melasi ujarku, nek
ana perangkat ya tak jak ngobrol apikan mbok menawa gelem nulungi, hasile p[ada
bae nasehat nasehat sing aku ra cocog! Mana mungkin aku balik tanpa hasiil,
adoh adoh aku meng Wonosobo tekan kana dondon turu thok terus balik?? Apa kata
dunia?. Tak putusna aku telfon kancane sing lagi pada ngopi nang gone pak
Lurah, lan tak ceritakna keadaane. Pak Lurah terus disambungna karo aku, aweh
saran aku kon nemoni pak SEKCAM Wadasmalang jenenge pak Helmi.
|
ndonga karo kesuh |
Ati bombong, nang pikiran “naaah akhire
diwei dalan. Di tolak nang anak buah, kiye sekcam kyane bisa ngijini. WELAH
DALAH, ASTAGHFIRULLOOH... metu kandang kucing, mlebu kandang USA!! Kaya kue
istilah peribahasa sing di waraih nang Sahron. Aku ketemu pak helmi, rep mlebu
ruangane langsung di adhang karo takon” ana apa mas??? Jawabku ya ngomong apa
tujuanku! Ngerti jawabane pak HELLmi??
ORRA BISA! NGANAH LUNGA BAE AJA NANG KENE!! Dia malah nggentak nang lawang ra
mersilahna aku mlebu rauangane, ora tau sekolah basa alus mbok. Mbatiiiin jan
asyem bangewt kiye wong! Sabaaar sabaar, aku ra patah semangat, tak rayu
maning, bahwa aku wis nang gone pak lurah kon ketemu njenengan, eeeh pada bae
aku di urak. Lemes tur isin, aku njagong nang ruang tamu tengah sing ana
shofane, niate rep telfon kancane, eeh tembe grok njagong pak helmi ngomeih
maning aku kon aja njagong nang kono, aku kon metu kang kantor kecamatan! Masya
Allah, koh ya ana wong kaya kiye mbatinku, aku ya mung bisa ndongakna lan
ndonga dewek “Ya Allaaah, aku aja di wei mertua sing kaya kae Ya Allah,
walaupun anake pak hellmi ayu, aku emoh dadi mantune Ya Allaah” .
Akhire dengan keputus asaan aku ngojek
balik meng gone pak lurah, menangi batir batir kopi wis pada sat nang gelas “
asem pada yah, enak enakan pada medang, sementara aku go untal untalan afarat
afarat yang begitu kefarat!!” Astagfirulloohal ‘adzim. Nyruput wedang
sethitik aku crita apa sing terjadi nang kecamatan, batir batir mbuh pada mikir
apa pada guyu kayane bombong banget aklu di kayakuekna. Alhamdulillah pak Lurah
jebule wong apik, sebab aku ra ulih cap kecamatan, di juga ra ngecap atas nama
Desa. Tetapi secara lesan dia mengijinkan kami ngelis di desanya, dan berani
menjamin jika ada masalah rep di bantu, misal ana warga sing takon perijinan
kami bisa nelfon pak lurah mngko dia sing ngomong meng wargane, mungkasi
kalimate pak Lurah ngeungi duit Rp.20.000 juga nawani penginepan go kami
berempat, kon pindah nginpe nang gone pak lurah bae selama kami ngelis nang
Desa kuwe. Masya Allah pak, Maturnuwuun banget. Tapi kami lewih milih nang gone
pak suyit bae, singkate duit pun di catet nag proposal sebagai uang sumbangan
perdana kelompok kami! Tentu saja si Lujengsing nampani duite lan mlebu
laporane dia! Curang! Cara sahron mecucu mecucu.
Kang gone pak lurah, inilah awal
perjal;an kami. Sesuai kesepakatan kami berempat di pecah dai 2 kelompok,
Lujeng kambi tolih, aku kambi sahron. Sistem kerjane, kami mencar nek aku nang
grumbul A berarti mereka mlaku nang B, nek aku nang C, mereka nang D. Sepakat,
aku mlebu umah pertama wong nini nini ra ayu, Sahron bertugas ngucapna salam ping
3, ngko nek mlebu aku sing ngomong nek diwei duit aku gari panjang lebar
ngucapna maturnuwun. Cung sumbang perdana kelompoku Rp.5.000,-
Alhamdulillaaaahirobbil ‘alamiin. Sahron sing nyatet lan nampani duite..
begitulah sampai sore kami mlaku mlaku blusukan
ketemu wong apik, wong biasa, wong nyebeli, kue wis dadi jambalane. Sing sugih
aweh sethitik, sing ketone sederhana jebule aweh akeh, pancen sing jeneng
seuarga kue wis di kapling kapling ket siki. Sing tuku ra mesti wong sing due
banda akeh nang dunya.
Ya kue sepenggal cerita keompoke aku,
jane esih dawaa banget, ya bersambung ngesuk ngesuk sekalian tak ceritakna
kisah perjalan balik sing begitu WOW. Tak terlupakan! Inti cerita ini, kadang
perbuatan baik tidak mesti diterima baik oleh orang lain. Salam kompak selalu
untuk tim Wonosobo.